panel header


MANGAN ORA MANGAN NGUMPUL
Tetap Bersatu Meski Dalam Kemiskinan
panel menu
panel news ticker
Dapatkan Gratis Aplikasi Suaramerdeka untuk Android.
panel iklan Hosrizon
panel main 1
11 Agustus 2010 | 10:40 wib
Dening Sendang Mulyana
Gunung, Tamsil Kaendahan, lan Kapandhitan
image

WONG wadon sing sinawang saka adoh katon ayu diarani Sri Gunung. Agung, adhem, lan asri dadi kesan sing tumanjem ing ati. Wong lanang ngendi sing ora bakal kepincut nalika nyawang wong wadon sing kadunungan sipat lan watak agung mrebawani, adhem gawe ati tentrem, lan asri sekar ganda wangi?

Gunung lan kahanan sakiwa-tengene, sing rupa alas, kewan, watu, lan liya-liyane manunggal dadi siji nuwuhake kaprebawan. Nalika ketaman tresna, bisa gandrung nganggo macapat ngemu wangsalan iki: Nimas ayu ingkang milangoni/ buron arum kang saba ing wana/ yen panggih iba rasane/ sumber gung ngisor gunung/ wreksa langking sisaning geni/ yen lega pinarengna/ pun kakang amanut/ darapon tresnaning manah/ surya ratri wong ayu sun kawulani/ sun adhep saben dina/.

Mula ora mokal yen gunung dadi objek wisata andhalan. Wong-wong sing sumpeg mikir butuh saben dina pengin enggar-enggar sarira, playune menyang gunung. Sugih-mlarat, nom-tuwa munggah gunung. Kaendahan gunung dadi objek wisata sing murah lan sehat.

Emane, kaendahan gratis peparinge Gusti Allah kuwi asring dirusak dening wong-wong sugih lan kuwasa sing murka. Rumangsa duwe dhuwit, gunung dituku, dihaki, kanggo senenge dhewe. Yen ora bisa tuku gunung, saora-orane bisa ngedegake omah gedhong, villa ing dhuwur gunung. Yen akeh wong sugih lan kuwasa padha rebutan gawe villa, laladan sing kanggo enggar-enggar sarira wong-wong pas-pasan dadi kurang. Mangkono kuwi bisa uga ngurangi kaendahan alami.

Ora mung kuwi, akehe wewangunan ing dhuwur gunung, ilange wit-witan gedhe bisa nuwuhake banjir lan longsor. Jaman biyen, wong tuwa wanti-wanti yen wit gedhe ana sing nunggu, mbuh dhemit, danyang, gendruwa, jim, lan titah alus liyane. Dadi, kudu ngati-ati, ora kena sawiyah-wiyah dibabat. Nanging, jaman saiki manungsane ora wedi, ngungkuli lan ngluwihi jim lan dhemit.
Jagat Jejeg
Gunung tumrap wong Jawa ora mung dadi objek wisata. Gunung bisa dadi tetenger mobah-mosiking jagat. Yen ana gunung njeblug, wong-wong banjur padha takon, arep ana kedadean apa? Apa kang bakal linakonan?

Apa maneh yen sing njeblug Gunung Merapi. Sajroning mitos, Gunung Merapi kuwi dadi punjere Pulau Jawa. Kacarita, nalika semana jagat Pulau Jawa miring mangulon jalaran ing perangan kulon ana Gunung Jamurdipo. Supaya jejeg lan seimbang, Dewa Krincingwesi duwe iguh pratikel mindhah gunung kuwi ing satengah-tengahing Pulau Jawa. Nanging, ing papan kono ana empu loro aran Rama lan Permadi sing lagi nedheng-nedhenge nggawe pusaka kanggo tanah Jawa.

Dewa Krincingwesi ngangkon Empu Rama lan Permadi supaya pindhah saka papan kono jalaran arep dibregi gunung. Sang empu kekarone ora maelu parentahe Krincingwesi jalaran rumangsa wis antuk palilah saka Bathara Guru. Pisan-pindho parentahe ora digubris, Krincingwesi duka yayah sinipi, muntab, sabanjure empu loro mau dibregi Gunung Jamurdipo. Rama lan Permadi pralaya ketiban gunung. Gunung Jamurdipo banjur diganti jenenge dadi Gunung Merapi jalaran ing papan kono sakawit wujud perapian kanggo sarana gawe pusaka. Rama lan Permadi sabanjure dadi ratuning titah alus, titah kang tan kasat mata ing laladan Gunung Merapi.

Ing jagat pewayangan, jeneng Rama lan Permadi dudu empu, nanging satria lelananging jagat. Rama sing bisa mbengkas kamurkaning Rahwana ing babon Ramayana, ing Mahabarata Permadi minangka agul-aguling Pandhawa mbengkas Kurawa. Kekarone dadi satriatama njejegake adil lan leres.

Yen ditarik benang merah, paraga-paraga mau padha-padha nglungguhi jejeg, adil, lan leres. Mula, yen Gunung Merapi watuk, nesu, apa maneh nganti muntab, bisa dadi pratandha lan pepeling apa ana kahanan sing durung jejeg, adil, lan leres?

Semono uga gunung-gunung liyane sing kaya-kaya antri arep njeblug. Crita lan mitos sing nglingkupi bisa dadi pepeling tumrap sapa wae. Banjur tuwuh pitakonan, kahanan jejeg, adil, lan leres kuwi magepokan utawa dadi urusane panguwasa, geneya kawula sudra sing rata-rata dadi korban?

Pitakonan sing angel diwangsuli. Serat Kalatidha anggitane Ranggawarsita bisa dadi kaca benggala (bahan refleksi). Ratune ratu utama/ patihe patih linuwih/ pra nayaka tyas raharja/ panekare becik-becik/ parandene tan dadi/ paliyasing kalabendu/ malah mangkin andadra/ rubeda kang ngreribedi/ beda-beda hardaning wong sanegara/. Sanajan ratune ratu utama, patihe uga peng-pengan, para nayaka praja uga murih raharjaning negari, nanging kok durung jejeg, adil, lan leres?

Bali marang dhiri pribadi supaya bisa mulat sarira hangrasa wani. Jaman saiki, sing maido lan sing dipaido malah padha-padha dadi tontonan. Ora lucu, nanging malah marakke sirah ngelu!
Papan Mandhita
Gunung sing isih alami bisa dadi papan kanggo reresik jiwa. Yen ratu wis lengser, sabanjure munggah gunung madeg resi, mandhita. Mbomenawa para ratu kuwi rumangsa yen nalika nyepeng panguwasa akeh lepotan perkara sing cengkah karo batine, kapeksa dilakoni jalaran ngemong wong pirang-pirang sing beda-beda hardane. Mandhita, madeg resi, dadi sarana kanggo ngupadi manising pati.

Para resi dadi parang jujugan jejering satria. Para resi dadi wong sing wegig, waskitha, lan wicaksana, jalaran wis ngedohi kadonyan. Para resi kanthi penggalih ingkang wening, bisa nimbang lan nglimbang endi sing jejeg, adil, lan leres. Jejering resi ora bakal turun gunung yen kahanan durung bener-bener kebangeten remuke. Jalaran, pancen ora gampang njejegake adil lan leres.

Apa sing madeg resi kudu dadi ratu luwih dhisik? Apa kudu ngenteni tuwa, sawise jeleh dadi panguwasa lagi mandhita? Apa kawula lumrah ora bisa madeg pandhita?

Tamtune ora kaya ngono. Madeg resi ora kudu ngenteni dadi panguwasa dhsisik. Tur maneh, lepotan perkara lan dosa ora mung cumondhok ing panguwasa, nanging uga kawula lumrah. Manungsa urip, ora idhep panguwasa utawa sudra, kuwi kabeh dununge luput lan lali. Wong cilik sing dosane tumpuk-undhung uga pirang-pirang. Gunung dadi pralambang spiritualitas.

Saliyane dadi panggonan kanggo ngresiki dosa, gunung uga dadi papan mertapa kanggo ngranggeh kasudibyan. Wahyu tumurun, menclok ing jiwanggane wong sing lagi mertapa, uga asring dumunung ing gunung-gunung. Gunung dadi papan kanggo nggembleng dhiri dimen tahan banting, ora cengeng lan ingah-ingih. Pendekar lagi turun gunung yen rumangsa wis cukup bekal kanggo tarung, nguji kepinterane. Tarung sing wigati tamtu ngadhepi urip ing madyaning bebrayan. Wani urip, ora dadi mladehan, benalu, nanging sewalike dadi pribadi sing prigel mrantasi gawe, aweh panguripan.

Nalika rame-ramene suksesi, akeh sesebutan satria: Satri Kinunjara, Satria Mukti Wibawa, Satria Piningit, lan liya-liyane, salah sijine sebutan Satria Pinandhita Kasinungan Wahyu. Kang pungkasan iki mujudake satria sing jiwane pandhita. Satria, bisa tinegesan panguwasa utawa sarira kang taksih ambyur ing madyaning bebrayan, sing ora nengenake kapentingan dhiri pribadi lan kadonyan, nanging satuhu ngupadi jejeging adil lan leres. Gunung dadi pralambang kawah cadradimukane panggulawenthah kapribaden.

Nanging, yen saiki akeh gunung sing rusak, njeblug, apa kuwi pralambang yen wong-wong sing mertapa wis arang-arang? Apa wong-wong sing ngudi kawegigan, kawaskithan, lan kawicaksanan saya suwe saya sithik? Apa wong-wong sing suka nrabas, ora idhep kawula utawa panguwasa, saya akeh?

(Sendang Mulyana, aktivis budaya manggon ing Semarang /CN27)
Untuk berita terbaru, ikuti kami di Twitter twitter dan Facebook Facebook
Bagi Anda pengguna ponsel, nikmati berita terkini lewat http://m.suaramerdeka.com
Dapatkan SM launcher untuk BlackBerry http://m.suaramerdeka.com/bb/bblauncher/SMLauncher.jad
Bookmark and Share
Baca Juga


Panel menu
04 September 2014 | 17:15 wib
Dibaca: 4385
image
03 September 2014 | 23:15 wib
Dibaca: 4114
image
31 Agustus 2014 | 18:24 wib
Dieng Culture Festival Sedot 26 Ribu Pengunjung
Ruwatan Rambut Gimbal Sebagai Puncak Acara
Dibaca: 4176
image
13 Mei 2014 | 22:25 wib
Dibaca: 10654
image
10 April 2014 | 19:05 wib
Dibaca: 11056
Panel menu tepopuler dan terkomentar
FOOTER