panel header


AMBEG PRAMA ARTA
Memberikan Prioritas Pada Hal-hal Yang Mulia
panel menu
panel news ticker
Dapatkan Gratis Aplikasi Suaramerdeka untuk Android.
panel iklan Hosrizon
panel main 1
01 Februari 2010 | 23:31 wib
Dening Suwardi Endraswara
Ngelmu Sumur lan The Latah ing Pakurmatan
image

ING bebrayan Jawa, ana telung perkara sing perlu diurmati, yaiku: wong tuwa, guru, lan pepundhen (pimpinan). Tetelune wis madhangake jagad Jawa. Wis ngusung wong Jawa seka pepeteng. Wis akeh labuh labete. Yen nganti dilirwakake, tetelune bisa ngelus dhadha, rumangsa kesiya-siya ngenes.

Para priyagung sing ”diwudani” ing ngarepe wong akeh, kiraku luwih lara timbang digebugi nganggo bogem mentah. Saya jaman tinarbuka iki, sajake bab ”bukak-bukakan”, nyodhog kana, ngantem kono, sok lali subasita. Solah bawa muna-muni akeh sing kebablasen. Nganti sok ana sing nranyak. Wani mlothot tembung-tembung sing ngabangke kuping. Sajake wis akeh sing lali jejer kawitane.

Najan saben dina Bakda, wong Jawa wis diwejang nganggo ujung, ngambung dhengkul marang sesepuh lan priyayi luhur, katone isih akeh sing nglirwakake. Pira cacahe, anak sing gelem urmat kanthi unggah-ungguh mlipis, ganep? Pira cacahe siswa/mahasiswa sing (isih) gelem mundhuk-mundhuk kaya kloloden gethuk, ngadhepi guru. Apa isih ana sing (kesdu) laku dhodhok, ngadhep pimpinane?

Siji loro, pancen isih ana sing nun sendika dhawuh. Udanegarane besus. Ning erosi tatakrama sing ketok mata iki, wis kebablasen. Sipat tegel ”ngudang” kanca, semu ngece, lan ngiwi-iwi wis kerep klakon. Ngono iku, jebul underane rembug ya ing kluwarga Jawa. Yen ing kluwarga wae wis dha ninggal susila anoraga, remuk. Saiki terus terang wis akeh sing karo simbok mlolok, marang bapak ndhupak, karo panggedhe gumedhe, karo bulik mendelik, marang simbah ora nggenah.  Ateges wong Jawa wis gumingsir laku jangkahe. Wis akeh sing mundhuk-mundhuk ning nggembol watu saplenuk. Katone inggih-inggih, ning ora kepanggih. Sajake wis akeh sing minger keblate, keblinger, lali marang lajering urip.

***

MANUT sabdane Hyang Tunggal, ing lakon wayang Manikmaya, pancen manungsa kuwi kadunungan sipat patang perkara, yaiku: lali, apes, murka, lan rusak. Mula seka iku, ing jagad wayang kulit, Manikmaya (bathara Guru) ginambar tangane papat. Sipat patang bab iki sajake bakal ngembangi uripe wong Jawa, embuh tekan jagad kapan. Wusana, ora jeneng mokal yen wong Jawa akeh laline. Sing ala kuwi nglali, merga kesurung sipat murka lan pengin ngrusak, ora wurung njur apes ta?

Sing kebangeten, ana wong lali marang bibit kawite. Lali yen tau didulang simboke. Lali yen ompole tau dikumbahke. Iku jeneng wis kelepyan marang lantaraning urip. Tundhone sok lali marang Sing Gawe Urip. Beteke keglibeng sipat murka, perkara andum warisan wae, bisa dedreg. Durung sing nggepok dhuwit Negara, regejegan ora uwis-uwis. Kabeh lali marang jatine wong tuwa sing ngukir jiwa raga. Lali marang para bendara, sing wis gedhe labuh labete. Ana sing tegel karo wong tuwa, ngidak-idak, napuk raine priyagung bebasane. Glagat mikul dhuwur mendhem jero, ngurmati kanthi spiritual, tansaya luntur.

Bebasan wong Jawa sok ana sing lali yen tau ngombe banyu sumur kok wani ngidoni sumur, cuh! Dheweke kejaba ora sopan, cumanthaka, lha kok ora wedi yen kuwalat — yen banyu sumur kuwi suci lo. Kejaba yen sumure iku pancen kebak uwuh, tur ana bathange sisan, ya embuh. Iku sumur mati, sing wis suwe ora ditimba. Adate ngganda. Yen manungsa, yaw is mati rasane. Manut ngelmu sumur, tuke banyu mau, aku yakin apik, murni. Ning campuran reged kuwi lo, sing mbebayani. Ora beda karo jagade para luhur, pemimpin jane ya akeh sing sekawit suci. Mung wae, yen wis akeh uwuh, bathang, regedan, ibarate banyu sumur ora ditimba, ora mili —hemm, layak yen sumur iku wis ora dipepundhi.

Jaman lakon Damarwulan Ngarit, uga lumaku ngelmu sumur. Bapake Damarwulan, patih Maudara (Udara), tau mundur anggone dadi patih. Ora merga korupsi anggone lereh wrangka dalem. Ning dheweke urmat marang ratu, Prabu Brawijaya (sing wis murud kasedan jati). Melu urmat lan bela setya raja, dheweke trima leren dadi patih, njur digenti adhine Patih Logender. Dheweke trima mbeningake banyu sumur, kang wis tinimba. Ning dhasar adhine iki rada ngeyel, tau maeka Damarwulan ing jaman perang karo Minakjingga, sumur malik butheg meneh.

Dedreg udreg, apus karma, lan paeka, njalari sumur Majapahit reged. Tegese, anake patih Logender sing jeneng Layang Seta lan Layang Kumitir, diajari gawe katrangan semu. Kon matur gusti ratu Kencanawungu, yen sing mateni Minakjingga dheweke. Krenah lan kemonah iku sejatine ngemu pitenah. Patih Logender lali uga kebrongot murka, pengin muktekake anak (kroni) kanthi dhandhang diunekake kontul. Lhadalah! Katone dheweke urmat marang ratu, ning kebat srengate ngubeg-ubeg sumur, pengin Njongkeng kawibawan.

***

NALIKA aku maca karyane James Siegel kang sesirah Solo in the New Order; Language and Hierarchy in An Indonesian City (1987), satemene prinsip pakurmatan tumrape wong Jawa iku jero banget. Dheweke nggambarake owah-owahan basa Jawa Ngoko dadi krama, minangka ciri pakurmatan kang mirunggan. Ngoko (low Javanese) lan krama (high Javanese), bisa njalari wong kudu kurmat. Jare, ana pembantu sing jeneng Rumi bingung, arep njupukake obat cacing. Nalika ditakoni tamu, Rumi gugup: ”Apa kuwi Rum?” Dheweke njegreg, merga cunthel nggoleki tembung krama tumrap kirik kuwi apa. Yen arep njawab: ”Niki obat cacing kangge kirik,” manut pangrasane ora kurmat marang tamune. Sajake, Rumi pancen durung tepung karo tembung krama segawon, kang luwih urmat.

Manut Siegel, yen ana wong Jawa sing durung ganep tatakramane, isih kasar tembunge, ora ngurmati, diarani ”the latah”.  Mula, bab iki uga klebu wong-wong sing wani ngeculake tembung kasar ing ngarepe wong akeh, kayata nalika sidhang ing Pansus Century —klebu ”the latah”. ”The latah”, kadhang adoh seka kurmat, lan sejatine uga ngesotake sing ngucap. Ajining dhiri kang mrucutke tembung, sagedhagan iku bisa mlorot. Yen ana wong ngundhamana kanca, kolega, kanthi brondongan tembung reged, ajining dhiri anjlog. Mangka, ngene iki sok kegawa seka sipat lali lan murka, njur tegel ngundhat-undhat, tanpa kurmat. Kepara mutiara kang dumunung ing blegere wong liya, katon tinja saupamane.

Satemene, manut panalitene John Pemberton kang kaemot ing buku On the Subject of Java (1994), akeh wejangan pakurmatan sing tinemu ing ritual manten. Adicara sungkeman, iku minangka tandha pakurmatan anak lan mantu marang maratuwa, sing bakal menehi dana rasa mulya. Simbol pakurmatan iki, diketok-ketokake marang tamu. Ironise, asring ana mantu sing mengkone wani nungkak krama marang maratuwa. Ana mantu sing degsura, sekecap dha sekecap. Pakulinan ngene iki sok kegawa tekan ngendi-endi, yen nuju ngemban negara.

Ya wis ben, sebab manut Geertz (Fred Inglis, 2000) jagad Jawa iki lagi lumebu ing ”the stages of the world”. Tegese, lagi dha keblebeg donyane sandiwara.  Becik ditunggu wae, ben dha ngonclang the latah, ngobog-obog sumur, kanthi ninggal tatasusila. Ning kabeh mau, mbokmenawa drama. Kari manut ”sutradarane”. He he he. Njelehi ta. Ya, sedhela meneh, mbokmenawa bakal ana ”sumur gumuling”, nggegirisi! (35)

—Suwardi Endraswara, mulang Drama Jawa, ing FBS UNY

(/)
Untuk berita terbaru, ikuti kami di Twitter twitter dan Facebook Facebook
Bagi Anda pengguna ponsel, nikmati berita terkini lewat http://m.suaramerdeka.com
Dapatkan SM launcher untuk BlackBerry http://m.suaramerdeka.com/bb/bblauncher/SMLauncher.jad
Bookmark and Share
Baca Juga


Panel menu
04 September 2014 | 17:15 wib
Dibaca: 5279
image
03 September 2014 | 23:15 wib
Dibaca: 4889
image
31 Agustus 2014 | 18:24 wib
Dieng Culture Festival Sedot 26 Ribu Pengunjung
Ruwatan Rambut Gimbal Sebagai Puncak Acara
Dibaca: 4945
image
13 Mei 2014 | 22:25 wib
Dibaca: 11460
image
10 April 2014 | 19:05 wib
Dibaca: 11834
Panel menu tepopuler dan terkomentar
FOOTER