panel header


AMBEG PRAMA ARTA
Memberikan Prioritas Pada Hal-hal Yang Mulia
panel menu
panel news ticker
Bagi pencinta game online, kini telah hadir ribuan game yang bisa dimainkan secara gratis di suaramerdeka.com. Ayo para game mania, buruan manfaatkan kanal game online kami di http://suaramerdeka.matchmove.com/games
panel iklan Hosrizon
panel main 1
11 Oktober 2009 | 13:36 wib
Dening Suwardi Endraswara
Sawise Wayang lan Batik...
image

AWAKE dhewe yen gumedhe merga lagi nampa world hetitage bakal thekle. Alias ngekoloh driji tenan. Sebab, wong timur, utamane wong Jawa yen ‘’dipangku’’ jare kaku. Yen diugung, sok kesrimpung! Aksara Jawa kuwi lo sasmitane wong Jawa, angger kena ‘’pangkon’’, kaya orong-orong kepidak, njur lali, ketliweng. Akibate, dumeh wayang lan batik lagi entuk sawangan seka mripat donya, yen lali bisa malah kelenan, terus klekeg.

Ora sah abang kupinge. Merga, aku wis rada apal karo kebat srengate wong Jawa. Saben dhadhane mungal, rumangsa entuk bebungah, sok terus mbilengi. Lire, arepa wayang iku diakoni donya, ning yen ora bisa njaga kualitas, bakal tatas, yen ora diipuk-ipuk, remuk. Luwih-luwih yen wong Jawa dhewe mung ‘’mungguh’’, ning atine mingkuh, cetha kari nunggu saumure bawang, wayang iku ya malah dadi fosil. Mlebu kothak!
Sepisan meneh, wong Jawa iku asring nggembelo yen lagi entuk kekucah. Ning lebar kuwi sok gelem nyingkur bibit kawit. Lali lara lapane. Jaman nggayuh bebana, kareben wayang lan batik kecathet ing mripate wong sadonya, direwangi niba nangi njungkel njempalik bebasane. E, bareng wis klakon, saiki bisa ditaker seka atine wong Jawa, sepira anggone ngrungkebi? Yen ora selak lo.
****
WIS, piye coba. Sapa wong Jawa (saiki) sing isih gelem nyupitke anak, njur nanggap wayang. Biyen, jaman wayang durung kawentar sadonya, pindhah omah, puputan bayi, ngrabekake anak, gelem nanggap wayang. Saiki, aja meneh gelem nanggap wayang kulit sewengi natas, ngrungokake wayang ing radhio wae wis kesed. Dadi, ora perlu kaget yen samengko wayang iku mung dadi ‘’klangenan imajinatif’’. Tegese, kerep dikojahake dening politikus, dikisahke dening guru, dibeberke dhukun, diadhuk-adhuk para pengarang, ning dhalang-dhalang dha ora payu. Mangka, dhalang iku sing dadi lancure wayang.
Isih siji meneh, sipat alane wong Jawa kuwi sok mendem pengalem. Wong Jawa sok rubuh yen lagi entuk sapa aruh, apameneh aruh-aruh mau seka donya. Ngene iki sajake gawan bayi. Mula, najan wayang lan batik iku diajeni sundhul langit, yen pamiarane dlemok cung, anggone ngrabuk horog-horog asem, gelem ora-ora, lan yen mung dhong ana proyek, dak kira kari nunggu amblese. Lire, aku duwe kanca sing mulang ing jurusan pedhalangan, siswane genep lima saben taun, wis ampuh. Jare, kadhang sok mung entuk loro-telu, gek guru lan dhosene puluhan. Ngene iki jan persis sekolah PLB kae, akeh gurune timbang muride. Kuwi wae, akeh-akehe sing sinau ndhalang, turun dhalang.
Ana meneh, crita ngeres, sing jan-jane saru yen dikandhakake. Ning ya ben. Aku duwe kanca, sing lagi nyekel bawat pusara negara. Dheweke tau ìdakcegemolî, mbok yen ngundang dhalang kanggo pengetan dhies natalis kuwi ora kuwi-kuwi terus. Lha wong Jogya kuwi sugih (duwe ngono) dhalang, kok mesthi impor seka Sol lan Pesisir. Tur anggone ngundang dhalang sing wis masang rega eketan embuh lawenan yuta. Yen ngene iki, jenenge ora nyuburke dhalang-dhalang lokal, sing ora kalah gayeng. Ing kandhange dhewe duwe wedhus gibas, kok meh saben wektu ngimpor wedhus prucul seka liya papan. Yen mung nggo selingan, mangga.
Mula seka kuwi, aku isih tetep pesimis. Tetep durung bisa nampa kahanan marang nasibe wayang samengko, najan donya wis nyathet. Yen mung dicathet thok, tanpa ana follow up, kayata lomba-lomba ndhalang wayang kulit, ndhalang wayang kancil, ndhalang wayang jemblung, ndongeng wayang, lan sapiturute, malah ngisin-isini. Aja meneh lomba, saiki ana program sing tau diputuske dening Kongres Bahasa Jawa IV ing Semarang, 2006, jare sekolah kudu masang wayang, durung klakon —malah saya mekakon. Gagasan iki uga tau diungalke dening Badan Koordinasi Kesenian Indonesia (BKKI), nalika semana tau diluncurke program sekolah masang wayang ing Dalem Joyokusuman Yogyakarta, buktine ‘’nol’’. Mangka, sing nyekseni uga ana Kepala Dinas Pendidikan, Dewan Pendidikan, lan pentholan liyane sing rawuh, jebul isih omong kosong.
Aku wani kandha ngono, sebab yen aku nuju ngeterke bocah-bocah KKN-PPL, ing sekolah wilayah Purworejo, Magelang, Yogyakarta, lan kiwa tengene, durung ana sing masang wayang. Malah yen aku natar guru basa Jawa ing wewengkon DIY lan Jateng, uga tau tekan Jatim, mesthi dakgawakake wayang, ning guru-guru akeh sing durung ngerti Ontosena, Wisanggeni, Wibisana, lan sapanunggalane. Tobil, anak kadhal! Yen gurune wae ora ngerti, muride apameneh. Yen wis ngene iki, genah ana paradhoks sing njelehi. Awake dhewe mongkog thok, merga wayang wis dikertaaji dhuwur tekan tataran donya, ning njerone, panguri-urine, isih kropos. Lhadalah! Ing sadawane Jalan Parangtritis, Yogya, tau digelar ‘’wayang kulit’’ luwih seka sepuluh dhalang, ning sing nonton kopong, blong.
***
MALAH guru ing sekolahan sing gelem nyetelke kaset wayang marang muride, saya arang banget. Mangka saiki wis ana VCD wayang, sak lakon kurang luwih 6-9 CD, ning sing gelem nyetel, njur ngejak muride ngapresiasi, jan nol puthul. Aja meneh nyetel, gelem ngoleksi wae ora. Anggaran sekolah (dhana bos), akeh sing diplayokake nggo ngoyak-oyak NIM, murid diweleg les ngelmu sing di-Ebtanaske nganti sore bendhe, wusana muride tekan ngomah ora doyan mangan. Klenger! Ironis yen ngene iki.
Buktine, para guru lan pemerintah alok, ujare, bocah saiki dha kelangan unggah-ungguh, saya kekes budi pakartine, akeh koruptor, najan durung ana perguruan tinggi sing mbukak jurusan Koruptor, merga mung bengak-bengok akon rakyate kon seneng wayang sing kena nggo conto, ning dheweke dhewe isih neng lambe. Sapa pejabat sing neng kantore uga masang wayang, langka! Ngono iku, merga wulangan biye-saiki mung ndhidhik wong peplayon, ngoyak budaya instan. Suwalike, wulangan sing nulad marang kisah-kisah wayang, edi endahe batik, luhure falsafah wayang lan batik dianggep ora njamani. Ana wong nganggo batik, isih dianggep arep jagong manten. Ana sing nganggo batik gambar wayang, dianggep dodol wayang. Nganyelke meneh, sing nganggo batik gambar wayang Semar, ora pati paham karo tokoh iku.
Yen saiki ing DIY lan sawetara Jateng wis ana sing ngecakake Javanese day, satemene bisa disisipi wayang lan batik. Tegese, yen dina tertamtu, kejaba nganggo basa Jawa, uga nganggo batik, lan ing kantor-kantor dipasang wayang, disetelke kaset wayang, mbokmenawa mengko bakal tambah moncer. Merga, padatan becik kuwi bakal dhapuk lan ngrabuk kapribaden. Najan program kasebut isih nuwuhake kontroversi, merga ora kabeh personal kantor bisa cara Jawa, njur yen rapat-rapat nyingkiri Javanese day, ning apike tetep dikulinakake.
Mbokmenawa yen kadang pengarang mugen ngungalke karya, kayata cerpen lan novel kanthi estetika wayang bakal saya murakabi. Mitraku Sindhunata kang gawe Anak Bajang Menggiring Angin, Seno Gumiro Ajidarmo gawe cerpen ‘’Sembilan Semar’’, Triyanto Triwikromo ngarang ‘’Masuklah ke Telingaku, Ayah’’, Bakdi Sumanto ngarang ‘’Karna’’, lan liya-liyane bakal saya nggugah wong Jawa ben duwe jiwa andarbeni. Luwih-luwih yen sedulru Jayus Pete uga ngarang ‘’Petruk’’, Krishna Miharja ngarang ‘’Ki Dalang’’, Irus Es Budianto nganggit ‘’Sengkuni’’, lan aku dhewe tau nulis Togog Dadi Ratu kiraku kok bisa dadi ungup-ungup babare crita wayang kang laras lan estetis.
Saiki kari nunggu wektu, mbokmenawa samengko Hanacaraka (Aksara Jawa) sing wis diogrok-ogrok ben mlebu Unicod, dening kadangku Ki Sondong Mandali, Ki Sutadi Purna, Ki Demang Sukowaten, enggal nyusul entuk world heritage. Sebab, manut dudutanku, aksara iki kejaba filosofine dhuwur, uga wis mbukak mripate wong sadonya, weruh jatining kamanungsan. Aksara Jawa uga bisa kanggo ngentha kaligrafi wayang. Uga bisa kanggo pepethan ing batik. Dadi luwih murakabi ta? Aksara iku urip. Urip iku wayang. Wayang sing kadhang kebak batikan, iya ora? Tunggu wae, sapa sing mucuki ngerek gendera Hanacaraka. (35)

(—Suwardi Endraswara, dosen Filsafat Jawa ing FBS UNY/)
Untuk berita terbaru, ikuti kami di Twitter twitter dan Facebook Facebook
Bagi Anda pengguna ponsel, nikmati berita terkini lewat http://m.suaramerdeka.com
Dapatkan SM launcher untuk BlackBerry http://m.suaramerdeka.com/bb/bblauncher/SMLauncher.jad
Bookmark and Share
Baca Juga


Panel menu
image
15 Mei 2012 | 16:05 wib
Dibaca: 558
image
12 Mei 2012 | 11:45 wib
Dibaca: 634
image
03 Mei 2012 | 09:45 wib
Dibaca: 782
image
22 April 2012 | 18:15 wib
Dibaca: 2515
image
22 April 2012 | 17:05 wib
Dibaca: 1505
Panel menu tepopuler dan terkomentar
FOOTER