panel header


KEGEDHEN EMPYAK KURANG CAGAK
Banyak Pengeluaran, Kurang Penghasilan
panel menu
panel news ticker
Bagi pencinta game online, kini telah hadir ribuan game yang bisa dimainkan secara gratis di suaramerdeka.com. Ayo para game mania, buruan manfaatkan kanal game online kami di http://suaramerdeka.matchmove.com/games
panel iklan Hosrizon
panel main 1
27 September 2009 | 19:40 wib
Dening Soedjarwo
Candra

CANDRA iku tegese rembulan. Nanging, kaya ing basa Indonesia, candra iku uga nduweni teges sasi utawa bulan, yaiku wektu kang suwene 30 dina. Tembung tanduk ‘’nyandra’’ tegese nggambarake, ‘’mendeskripsikan’’, mula candra uga nduweni teges gegambaran, upamane: candrane Raden Gathutkaca. Yen nggambarake putri sing ayu ditembungake ‘’kakehan rupa kurang candra’’. Nyandra iku sing akeh-akeh nggunakake pepindhan, yaiku madhake sing dipindhakake karo barang utawa kahanan liya. Kanthi mangkono sing dipindhakake mau dadi cetha lan maujud tumrape sing ngrungokake utawa sing maca.
Pepindhan iku nggunakake tembung panggandheng yaiku kaya, kadya, lir, yayah, pindha, lan liya-liyane. Pepindhan iku asring tinemu ing kasusastran lan pewayangan. Ki dhalang asring migunakake pepindhan kanggo nggambarake prajurit sing padha pacak baris, nggambarake ramening peperangan, utawa nyandra paraga-paraga wayan. Prajurit sing busanane putih padha-padha ngumpul dadi siji karo sing busanane putih pindha kuntul neba; prajurit sing busanane ireng ngumpul padha ireng yayah dhandhang mangsa kunarpa; ingkang busana abrit ngempal kaliyan ingkang busana abrit yayah harga kawlagar.
Saliyane wujud pepindhan, uga bisa nganggo ater-ater hanuswara, upamane: untune miji timun, mripate ndamar kanginan, tangane nggendhewa pinenthang, lembehane mblarak sempal, drijine mucuk eri, lan sapanunggalane. Pepindhan, perbandingan utawa semile iku tujuwane aweh gegambaran sing cetha utawa konkret tumrap sing ngrungokake utawa sing maca, saengga sing ngrungokake utawa sing maca kaya-kaya nyipati dhewe barang, kahanan utawa kedadeyan mau.
Tembung candra sing tegese gegambaran utawa deskripsi mau uga tinemu ing tembung ‘’candra sengkala’’. Candra sengkala iku gegambaraning kala utawa wektu. Candra sengkala iku awujud tembung-tembung utawa ukara sing bisa diwerdeni dadi angkaning tahun. Saben tembung iku ditegesi dadi wilangan. Rerangkening tembung mau bisa ditegesi dadi rerangkening angka tahun. Candra sengkala iku perlu banget tumrape sejarah, awit kanthi anane candra sengkala mau bisa disumurupi kapan karangan iku ditulis, kapan kraton utawa wewangunan iku dibangun.
Candra sengkala iku dibedak-bedakake adhedhasar petunganing tahun. Ana petungan kang adhedhasar ubenging srengenge ana sing adhedhasar ubenging rembulan. Mula banjur ana candra sengkala lan surya sengkala. Ing candra sengkala iku sing dicandra iku ora mung tahun komariah nanging uga tahun syamsiah. Nanging rehne candra mau uga ateges rembulan, candra sengkala diwerdeni winates ing petungan tahun komariah. Candra sengkala sing maune kanggo tahun syamsiah apadene tahun komariah tembunge diganti sengkalan.
Ing upacara pamiwahaning penganten, panata cara nyandra temanten kakung, temanten putri, subamanggala, lan para pengiring. Ora mung busana kang dianggo sing dicandra, nanging uga gagah lan baguse penganten priya dalah kasulistyane penganten putri. Rehne mujudake basa sing kebak rerenggan, panyandra mau tarkadhang sok rada keladuk. (35)

(/)
Untuk berita terbaru, ikuti kami di Twitter twitter dan Facebook Facebook
Bagi Anda pengguna ponsel, nikmati berita terkini lewat http://m.suaramerdeka.com
Dapatkan SM launcher untuk BlackBerry http://m.suaramerdeka.com/bb/bblauncher/SMLauncher.jad
Bookmark and Share
Baca Juga


Panel menu
image
15 Mei 2012 | 16:05 wib
Dibaca: 558
image
12 Mei 2012 | 11:45 wib
Dibaca: 634
image
03 Mei 2012 | 09:45 wib
Dibaca: 782
image
22 April 2012 | 18:15 wib
Dibaca: 2515
image
22 April 2012 | 17:05 wib
Dibaca: 1505
Panel menu tepopuler dan terkomentar
FOOTER